Thursday, July 14, 2022

Pembawa Acara Rutinan Al-Berjanji

 

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَتُهُ

اَلْحَمْدُ للهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ وَعَلَى أَلِهِ وَصَحْبِهِ أَجْمَعِيْنَ .  أَمَّابَعْدُ

Hadrotal mukaromin dumateng poro bapak alim ulama’ bapak kiyai Ingkang minulyo soho ingkang kita toati

Dumateng poro bapak pini sepuh hadi sepuh ingkang kito hormati

Dumateng Bapak Ahmad Sunanto ingkang kito hormati

Dumateng Shohibul Bait bapak ……………. Ingkang kulo hormati

Soho Dumateng sedoyo poro jama’ah Al-Berjanji hadarin wal hadirot ugi ingkang kolo hormati

 

Sepindah sumonggo kito mujisakur wonten ngarso dalem alloh SWT ingkang sampun pareng rohmat nikmat sarto hidayah ipun sehinggo kito saget hadir wonten majelis meniko kanti pinarangan wilujeng boten wonten alangan setunggal punopo.

 

Ongko kaleh ipun sholawat soho salam mugi kunjuk katur wonten ngarsonipun jujungan kito nabi agung Muhamad SAW ingkang kito tenggo-tenggo safaat ipun ing yaumil kiamah samangke.

Ongko tiga nipun ingmriki kulo pinongko pranoto hadicoro Rutinan Wausan Al- Berjaji ingkang dumawah wonten dalem ipun Bapak……. Kang…… Mbak…… keparengo bade kulo waos aken rumiyen runtuteng hadicoro ingkang bade kalampah wongten wedal dalu meniko.

 

Hadicoro ingkang sepindah pembikaan

Dipun lajeng aken hadicoro ingkan ongko kaleh wausan ayat-ayat suci Alqur’an

Hadicoro ingkang ongko tigo wausan Al- Berjanji

Hadicoro ingkang ongko sekawan Penutup

 

Hadirin wal hadirot rohimakumuloh

Mekaten kolo wau runtuteng hadicoro ingkang bade kalampahan wonten dalu puniko lan sumonggo acoro kito kawiti sesarengan kati wausan surat alfatihan kanti pengajab awal hinggo pungkasan acoro meniko saget lumampah kati sae boten wonten alangan setunggal punopo fatihah..

 

Ngelajeng aken hadicoro ingkang ongko kaleh waosan ayat-ayat suci alqur’an ingkang bade kawaus aken deneng kang...........           dipun sumangga aken. mekaten kolo wau wausan ayat suci alqur’an mugi-mugio beto pinten-pinten kemanfaatan kusus ipun ingkang maus lumeberipun dumateng kito sedoyo, dipun atur aken matur nuwun.

 

Hadicoro ingkang ongko tigo wausan Al-Berjanji ingkan bade dipun pimpin kalian bapak Ahmad Sunanto....... dumateng  panjenengan ipu dipun sumangga aken.

Hadirin wal hadirot rohimakumuloh

Kulo ahiri mekaten kolo wau acoro sampun lumampahan kanti lancer, lan sumonggo kita ahiri kalian wausan hamdalah sesarengan ……….Al hamdulilahirobil Allami…. Sangkeng pribadi kulo pinongko pranoto hadi coro awal hinggo ahir sedoyo kalepatan nyuwun pangapunten. Ahirul kalam

 

وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكاَتُهُ

No comments:

Post a Comment