Thursday, April 10, 2014

Pembawa Acara Walimatul Ursy Bahasa Jawa


Pembawa Acara Walimatul Ursy Bahasa Jawa

السلام عليكم ورحمة الله وبركته
الحمد لله رب العالمين وبه نستعين على امورالدنيا والدين والصلاة والسلام على سيدنا محمد وعلى أله وأصحابه أجمعين اما بعد.


Minangkani purwokaning atur, kaulo ngjak dumateng kaulo pribadi lumeberipun dumateng panjenengan sami, sumonggo kito sesarengan ngaturaken raos puji tasakur wonten ngarsonipun Alloh SWT  Bikaulina Alhamdulilahirobilallamin katitik wonten kalodangan puniko kito saget hanglogar aken penggaleh, kempal manunggal, wonten dalem pahargian/pawiwahan, kanti pengajap soho hamungel raos hangestrani wontenipun hadicoro walimatul............... kanti pinayungan karaharjan mboten wonten rubedo setunggal punopo.

Sholawat sinareng salam mugi tansah kunjuk katur wonten ngarso dalem junjungan kito nabiyuloh Nabi agung Muhamad SAW,  mugi-mugi kito sedoyo kalebet umat ingakang bade angsal syfa’at ipun wonten yaumil akhir.
Sageng poro lenggah kakung soho putri
Dumateng jamaah......................hormati

Kepareng kaulo matur soho ngampil kamardikan panjenengan sami, mboten ateges ngilangi adab kasusilan toto trapsilo kraten kaulo ing mriki pinongko pranoto hadicoro walimatul..............
Sakdereng ipun adaicoro kelampahan langkung prayoginipun kaulo waosaken menggah hadicoro engkang bade lumampah wonten kalodangan puniko


Hadicoro ingkang ongko sepindah pambuko
Hadicoro ingkang ongko kaleh....
..................................................
.................................................
Sedoyo hadicoro kolowau dipun pungkasi kalian penutup. Mekaten menggah hadicoro engkang bade kalempahan wonten wedal.... seumonggo kito kawiti hadicoro pambuko kanti wausan ummul kitab kanti pengajab mugio waosan kolo wau dadosno wasilah hadicoro samangke kawitan ngatos pungkasan saget lumampah kanti wilujeng mboten wonten rubedo setunggal punopo.

Mekaten kolowau sedoyo hadicoro engkang sampung lumampah wonten wedal... pramilo minangkani pupute atur mbok bileh kiroto boso kaulo matur wonten ngarso panjenengan sedoyo kirang hanuju prono, kaulo tansah nyuwun agunge seh samudro pangaksomo.


والسلام عليكم ورحمة الله وبر كاته

No comments:

Post a Comment