Sunday, July 15, 2018

Pasrah Manten Bahasa Jawa


Oleh Ahmad Sunanto

Assalamu’alaikum Wr.Wb.
Sagungeng kinurmatan dumateng poro Alim, poro Ustad ingkang minulyo soho ingkang kito thoati
Dumateng poro bapak pini sepuh hadi sepuh ingkang satuhu kinurmatan
Dumateng shohibul hajah bapak ...... sak kluargo ageng ingkang kawulo hormati
Dumateng pinanganten kekaleh ingkang berbahagia
Dumateng porong pengomboyong pinanganten kakung soho demateng sedoyo poro rawoh kakung sumawono putri ugi ingkang kawulo hormati.
 
Minangkani purwokaneng atur sumonggo nun tansah kawulo derek aken mujitasyakur wonten ngarso dalem Alloh SWT bikaulina Alhamdulilahirobil Alamin....  deneng Alloh tansah pareng Rohmah, Nikmat Barokah ingkang rumentah katitik wonten ing kalodangan meniko kita saget ijabatut dakwah ngerawuhi Walimatul Ursy wonten dalem ipun bapak............ kanti pinaringan rahayu wilujung kalis ing sambi kolo boten wonten rubedo setunggal punopo, mugi-mugi perkempalan peniko dadoso setunggale amal kesahenan ingkang dipun trimah wongten ngarsanipun Alloh Amin
.
Ongko kalih ipun sholawat tuwen salam mugio tansah kunjuk katur wonten ngarsanipun piantun agung mustikanipun buwono nabi agung Muhamad SAW salah setunggale nabi soho rosul ingkang kito derek tindak lampah ipun soho ingkang kito ajeng-ajeng syafaat ipun ing dinten yaumil kiamah samangke Amin.
Kaping tigo nipun ingmriki kawulo kumawantun mantur ngadek ngayer wonten ngarso panjenengan sedoyo boten ateges angirangi raose trapsilo anangeng gegandengan kalian jejibahan kawulo pinongko sesuleh sangkeng bapak...... sak kluargo.
 
Poro rawoh kakung sumawono putri ingkang satuhu kinurmatan...
 
Sepindah ingkang seget kulo atur aken bileh sowon kulo sak rombongan sangkeng..... kepengen silaturrohim mersani kawilujengan nipun bapak.... ..... sak kluargo ageng mugi-mugio dados aken sukorenaneng penggaleh bapak sak kluargo ageng.
 
Kapeng kaleh ipun kawulo ugi ngatur aken agunge matur suwun dumateng bapak...... lumeberi poro sinoman ingkang sampun pareng pahurmatan, palengahan soho pasugatan ingkang sarwo sarwi angeremen aken penggaleh mugi-migio sedoyo meniko dadoso setunggaleng shodakoh ingkang dipung trimah wonten ngarsanipun Alloh kaireng do’a Jazakumuloh khoiron kasiro.


Poro rawoh kakung sumawono putri ingkang satuhu kinurmatan...
 
Kawolo nampi pinten-pinten amanat sangkeng bapak....... ing antawis ipung supados dugi aken salam taklimipun supados dipun sampak aken dumateng bapak Ridwan pramilo salam kulo sampek aken kati ucapan.... Assalamu’alaikum Wr.Wb.
 
Dukap saklajeng ipun gegandengan kalian rerembakan ingkang sampun kelampah wonten ing dinten lan wulan kapengker bileh wongten ing wedal sak peniko pinanganten kakung kasuwun dipun arap aken wongten ing dalem meniko. Pramilo kati ucapan bismilahirrahmanirrohim bismilahi tawakaltu allaloh lahaula wala kuata ilabilah pinangaten kakung kulo pasrah aken dumateng bapak Ridwan sak kluargo ageng.
 
Ingkang selajeng ipun dadong aken kawuningan bileh pinanganten kakong ingkang asmo mz lukman puniko sampun ketingal dewasa anangeng sejatos ipun tasek katah sanget perkawis ingkang perlu dipun pelajari langkung2 babakan kekluargaan pramino kulo suwun dumanaten bapak Ridwan ampun waleh2 pareng  arahan terutaminipun babakan kluarga.
 
Ingkang selajeng ipun gegandengan bileh ejeng kolo wau pinanganten kakung ingkang asmo mz lukman kalian mbat siti sampun dipun ijab kobul aken pramilo kulo nyuwun tambahe pangestu dumaten poro rawoh  mugi-mugio dedaupan pinangaten kekaleh peniko dadoso kluargo ingkang sakinah mawadah warohmah, dipun parengi putro putri ingkang soleh lan sholihan, dipung paringi rizki ingkang katah halal tur barokah, dipun tebeh aken sangkeng pocoboyo sahinggo aher ipun bahagia wiwit dongo ngantos ahirot ipun Amin Alfatihan...
 
Ingkang saklajeng ipun kawulo sakrombongan nyuwun agunge pangaputen dematen bapak Ridwan bok bileh salamine wongwan wonten dalem mriko wonten atur  lan solah bowo ingkan boten angeresep eken penggaleh bapak Ridwan sak kluargo ageng, sepindah maleh kulo nyuwung panga punten ingkang sak katah-katah ipun.
 
Ingkang terahir bok bileh hadicoro mangke sampun paripurno kawulo sak rombongan nyuwun pamin lan nyuwun tambahe do’a pangestu nipun mugi-mugio wangsul kulo sakrombongan sangkeng dalem meniko ngantos dumugi grionipun kiambak kiambak boten wonten alangan setunggal punopo.
Sangkeng pribadi kulo awal hinggo ahir sedoyo kalepatan nyuwun pangapunten ingkang sak katah-katah ipun.
 
Wasalamu’alaikum Wr.Wb.
Tajribat Alla Khotib

No comments:

Post a Comment